Tampilkan postingan dengan label jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label jawa. Tampilkan semua postingan

Rabu, 29 Maret 2017

laporan pertanggung jawaban (basa jawa)




I.                   PURWAKA
1.      Dhasare Panemu (latar belakang masalah)
Penyuluhan sampah minangka salah sawijining kegiyatan kang diadhakake Organisasi Siswa Intra Sekolah (OSIS) kanggo nepungake adik-adik tentang jinis-jinise sampah anorganik, manfaat saka sampah anorganik, lan bahaya saka sampah anorganik amarga pengolahane sing kurang bener. Penyuluhan sampah anorganik ing SMPN 20 Malang uga kerep didadekake sarana kepedulian siswa kelas 7 lan 8 marang masalah tentang sampah anorganik sing ana ing sekolah. Sarana silaturahim antarane siswa kelas 7 lan 8, pengurus OSIS, bapak utawa ibu guru lan karyawan sing ana ing SMPN 20 Malang.

2.      Ancas Kegiyatan (tujuan kegiyatan)
-          Nepungake para siswa marang jenis-jenis sampah anorganik.
-          Nepungake para siswa marang manfaat sing diperoleh saka sampah anorganik.
-          Nepungake bahaya saka sampah anorganik amarga pengolahane sing kurang bener.
-          Nandurake sikap peduli marang masalah sampah anorganik sing ana ing sekolah.
-          Nepungake barang-barang sing bisa diasilake saka sampah anorganik.
-          Nandurake sikap milah sampah saka jenise.
-      Ngarahake para siswa marang kegiyatan - kegiyatan lifeskill (ngolah sampah anorganik dadi barang sing miguna)


II.                   ISI
1.      Jenenge Kegiyatan                  : Penyuluhan Sampah Anorganik ing SMPN 20 MALANG.
2.      Peserta                                    : 576 siswa kelas 7 lan 8 , 32 pendamping siswa OSIS.
3.      Wektu                                      : Kamis, 16 Februari 2017.
  Jam    : 07.00 – 08.30 WIB.
4.      Rantaman Acara                     :          
o   Apel Pembuka
o   Peserta melbu ing aula
o   Sambutan Bapak Kepala SMPN 20 Malanga
o   Sambutan Ketua OSIS

o   Pasinanon babagan Sampah Anorganik saka anggota OSIS  
  o   Apel penutup.  
  •  III.                   PANUTUP.
  • Kegiyatan Penyuluhan Sampah Anorganik ing SMPN 20 Malang taun 2017 wis kaleksan kanthi tertib, aman, lan lancar. Muga – muga kanthi diadhakake penyuluhan sampah anorganik bisa nertibake siswa marang sampah anorganik ing lingkungan sekolah. 


                                                                                          Malang, 20 Februari 2017
                                                                                                                                                                                                                                                            Ketua Panitia

                                                                                                      Bilqis Firiya Nabila

Minggu, 19 Maret 2017

PIDATO SINGKAT BAHASA JAWA




karya : Chairunisa Simfoni A.



Pidato Bahasa Jawa
Assalamualaikum  warrahmatullahi wabarakatuh.
 Dhumateng kanca – kanca  sekalian sing tak tresnani.

            Monggo kita sesarengan ngucapake puji syukur marang Gusti Allah, amarga sampun maringi berkah lan hidayah, saengga kita bisa kumpul sesarengan kanti sehat wal afiat.
Kanca – kancaku sing tak tresnani
            Kaping pisan kita perlu sadari lingkungan kuwi panggonan kanggo kita nggantungake urip umat manungsa. Amarga menika, kita sesarengan kudu njaga lingkungan supaya bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sedaya lan duduk kerugian utawa bencana kangge kita.
Kanca – kancaku sing tak tresnani
            Salah sawijining cara kanggo njaga lingkungan supaya ora maringi bencana kanggo kita yaiku njaga kebersihan lingkungan. Maksute kebersihan lingkungan sing sebenere yaiku lingkungan kang layak dipanggoni manungsa lan kesehatane manungsa bisa terjaga amarga menika kita sesarengan kudu njaga kebersihan lingkungan supaya nyiptaake urip kang sejahtera lan makmur.
Kanca – kancaku sing tak tresnani.
            Njaga kebersihan lingkungan yaiku cara kang becik kanggo nyegah penyakit kang ngintai ing musim udan kaya saiki. Njaga kaebersihan lingkungan bisa diwiwiti saka ngresiki sekolah kita tresnani, SMPN 20 Malang. Ngresiki lingkungan wakeh carane. Pertama sing paling gampang yaiku, mbuwak sampah ono panggonane. Hal iki paling gampang lan kabeh wong bisa ngelakokake mulai bocah sampe wong sing wis dewasa.
            Selain iku bisa karo kerja bakti utawa gotong royong. Kagiyatan iki wis dadi kewajiban bangsa Indonesia. Kerja bakti bisa ngerapetake tali persaudaraan marang wong liyane. Goting royong bisa dilakokake ing sekolah,lan sekitar omah.
 Menawi sekolah kita resik, sekolah liyane ora sungkan kanggo nyontoh kabiasaan becik kita sedaya. Kanggo ngresiki sekolah kita iki, dampak positif saka bersihe lingkungan sekolah yaiku kegiatan belajar mengajar dadi nyaman amarga lingkungane resik. Yen kita ora bisa njaga kabersihan lingkungan, sekolah kita dadi reged lan ora enak di pandang. Dampak saka regede lingkungan yaiku, kegiatan belajar mengajar dadi ora nyamn lan ngrasa terganggu karo ambu – ambu sing ora sedap.
Saka pidato kula, kita sedaya bisa njupuk kasimpulan yen njaga kebersihan lan kelestarian lingkungan iku penting. Cekap semanten atur kula, menawi ana kesalahan nyuwun ngapura
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.