Minggu, 19 Maret 2017

PIDATO SINGKAT BAHASA JAWA




karya : Chairunisa Simfoni A.



Pidato Bahasa Jawa
Assalamualaikum  warrahmatullahi wabarakatuh.
 Dhumateng kanca – kanca  sekalian sing tak tresnani.

            Monggo kita sesarengan ngucapake puji syukur marang Gusti Allah, amarga sampun maringi berkah lan hidayah, saengga kita bisa kumpul sesarengan kanti sehat wal afiat.
Kanca – kancaku sing tak tresnani
            Kaping pisan kita perlu sadari lingkungan kuwi panggonan kanggo kita nggantungake urip umat manungsa. Amarga menika, kita sesarengan kudu njaga lingkungan supaya bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sedaya lan duduk kerugian utawa bencana kangge kita.
Kanca – kancaku sing tak tresnani
            Salah sawijining cara kanggo njaga lingkungan supaya ora maringi bencana kanggo kita yaiku njaga kebersihan lingkungan. Maksute kebersihan lingkungan sing sebenere yaiku lingkungan kang layak dipanggoni manungsa lan kesehatane manungsa bisa terjaga amarga menika kita sesarengan kudu njaga kebersihan lingkungan supaya nyiptaake urip kang sejahtera lan makmur.
Kanca – kancaku sing tak tresnani.
            Njaga kebersihan lingkungan yaiku cara kang becik kanggo nyegah penyakit kang ngintai ing musim udan kaya saiki. Njaga kaebersihan lingkungan bisa diwiwiti saka ngresiki sekolah kita tresnani, SMPN 20 Malang. Ngresiki lingkungan wakeh carane. Pertama sing paling gampang yaiku, mbuwak sampah ono panggonane. Hal iki paling gampang lan kabeh wong bisa ngelakokake mulai bocah sampe wong sing wis dewasa.
            Selain iku bisa karo kerja bakti utawa gotong royong. Kagiyatan iki wis dadi kewajiban bangsa Indonesia. Kerja bakti bisa ngerapetake tali persaudaraan marang wong liyane. Goting royong bisa dilakokake ing sekolah,lan sekitar omah.
 Menawi sekolah kita resik, sekolah liyane ora sungkan kanggo nyontoh kabiasaan becik kita sedaya. Kanggo ngresiki sekolah kita iki, dampak positif saka bersihe lingkungan sekolah yaiku kegiatan belajar mengajar dadi nyaman amarga lingkungane resik. Yen kita ora bisa njaga kabersihan lingkungan, sekolah kita dadi reged lan ora enak di pandang. Dampak saka regede lingkungan yaiku, kegiatan belajar mengajar dadi ora nyamn lan ngrasa terganggu karo ambu – ambu sing ora sedap.
Saka pidato kula, kita sedaya bisa njupuk kasimpulan yen njaga kebersihan lan kelestarian lingkungan iku penting. Cekap semanten atur kula, menawi ana kesalahan nyuwun ngapura
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar